Tuesday 10 February 2015

GEGURITAN JAWA



URIP
Uwong urip tansah mubeng minger
Maju mundur ora ngerti kang di tuju
Mung gari mlaku wae dadak mikir
Apa maneh dadak tumandang
Paling wis padha bubar

Aku ra ngerti kudu melu sapa
Aku ra ngerti arep nang nggone sapa
Arep ngidul apa ngalor
Arep lunga apa tumeka
Kakean pikiran ming gawe lara

Gelar-gelur jembaring bumi
Deleng kahanan nyata kang tumata
Aku wis tangi saka urip kang ala
Mlaku maju dibarengi donga

Ayo kanca padha usaha
Ngerahke tenaga urip ana ing donya
Gawean ala ra ana gunane
Gawean ala ming gawe rekasa
Mending urip becik lan tumata
Gawe kowe seneng ing donya lan swarga


SING UTOMO
Ibarat taman endah tanpo pager
Bebasan sego iwak dirubung laler
Mangkono kuwi yen ayu bagus tanpo iman
Mung katon apik yen durung konangan

Di simpeno koyo ngopo bathang yo tetep bathang
Ing tembe mburi yo bakal dadi wirang
Agawe isin pribadi lan sanak kadhang
 
Mulo cah bagus cah ayu
Sing andhap asor budi pekertimu
Sopan kelawan santun marang sepadamu
Sing paling penting elingo marang ajarane kanjeng nabimu

No comments:

Post a Comment